We.. lha dalah.. Iso kelakon mlebu koran
Esuk iki aku entuk kabar seko Pepeng lan budiyono yen loenpia[dot]net mlebu koran Sindo. Rak kroso je, mulaine yo cuman seko ngomong-ngomong biasa wae, eeee saiki sing dadi member wis puluhan wong (eh, opo wes mlebu atusan yo ? aku rung sempat ngecek je :p). Yen eling mangsa semono, kumpule ae ning baiturrahman, sisan mangan kucingan ning ngarepan mesjid, isine mulaine yo cuman wong pito thok.
Sing mulai duwe ide pertama kali ya kang Pepeng kuwi, pas aku isih ning kantor lawas, awan-awan kie ono sing nge-buzz liwat ym, ngajak kenalan, jenengen pepeng. Tak arani pepeng adi kelasku, sing lemu, rame, lan nggemeske, eh tapi jebule dudu dewek’e. Iki pepeng liyane maning. Embuh seko ngendi dewek’e iso ngerti aku, iso oleh ym-ku.
Pepeng kie mangsa semono nembe ae pindah ning Semarang, dewek’e sakdurunge nyambut gawe ning Jogja. Pepeng pengen gawe komunitas blogger Semarang, wanci semono durung ono sing gawe. Pas aku krungu ide-neaku langsung mathuk. Langsung gawe blog sementara ning http://semarangan.blogsome.com lan gawe milis-e ning gugelgrup, alamate semarangan@googlegroups.com. Pepeng wanci semono wes kenal sebagian wong sing gelem melu komunitas blogger iki.
Ketemuan pertama bocah-bocah semarangan ning ngarep mesjid baiturrahman, wanci kuwi ono mung wong pitu yen rak salah, lawabiru, alif, eijesan, Aku, pepeng, budiyono, fiand, tunggul (sampeyan melu rak nggul pas kuwi? lali aku) karo…. duh… liyane lali, njuk ngapuro yo kang yen rung kasebut
. Sisan mangan bareng ning sego kucing ngarepan mesjid.
Sa’wese gawe macem-macem, aku ndilalah pamit seko kerjaanku, ono proyek ning solo,
Ooo iyo, ono sing lali, ono siji cah loenpia sing kerja ning solo, kang Qowi (aka. baginda_cakep huekk…. :p). Aku kie yo dudul tenan, wes nggon solo 3 sasi malah rung ketemu babar blas karo kang Qowi, padahal kang Qowi kie ngajar nggon almamater-e adiku lan mbakyuku ning Pondok Pesantren Assalaam Solo. Suk ae yo kang, yen bali Jowo.
Ketemu sing kaping loro (yen rak salah lho) kuwi ngomongke gawe blog/website sing ora gratisan. Miturut pakar multimedia sing wes kesuwur, “Gratisan itu norak”, mula kuwi konco-konco pengen rekoso sithik. Dilakoni urunan bareng-bareng (maklum, isih do rung ganep olehe mapan urusan duwit).
Suwun banget kanggo konco-konco loenpia[dot]net kabeh sing wes gawe jenenge loenpia nganti tekan ngendi-ngendi. Kang Budiyono sing wes mlaku-mlaku tekan Jakarta melu acarane temu blogger detik-i-net, Pepeng sing wes duwe ide gawe komunitas blogger semarang, fiand, yogie, tunggul, emenev, kang qowi, gora, fanny, lan kabeh konco sing rak iso tak tulis mboko siji. Aku kie ora sopo-sopo, cuman ndilalah liwat ae, konco-konco kabeh kuwi sing luwih semangat gawe macem-macem, inisiatip-e yo kenceng, ide-ide apik mblabar tekan ngendi-ngendi.
Saiki panggonanku rodo adoh kie, luwih seko 500 kilometer seko semarang, tapi sanajan ngono, aku seneng banget duwe konco-konco sing apik tenan koyo njenengan kabeh. Insya Allah yen ono wektu aku isih pengen kumpul-kumpul maneh. Muga-muga iso keturutan yo, Aamiinn..

13 Comments »