achmadi’s sanctuary: wherever I am, it’s gonna be my sanctuary

Choose a Topic:

Wed
26
Jul '06

Loenpia[dot]net mlebu koran

We.. lha dalah.. Iso kelakon mlebu koran :D

Esuk iki aku entuk kabar seko Pepeng lan budiyono yen loenpia[dot]net mlebu koran Sindo. Rak kroso je, mulaine yo cuman seko ngomong-ngomong biasa wae, eeee saiki sing dadi member wis puluhan wong (eh, opo wes mlebu atusan yo ? aku rung sempat ngecek je :p). Yen eling mangsa semono, kumpule ae ning baiturrahman, sisan mangan kucingan ning ngarepan mesjid, isine mulaine yo cuman wong pito thok.

Sing mulai duwe ide pertama kali ya kang Pepeng kuwi, pas aku isih ning kantor lawas, awan-awan kie ono sing nge-buzz liwat ym, ngajak kenalan, jenengen pepeng. Tak arani pepeng adi kelasku, sing lemu, rame, lan nggemeske, eh tapi jebule dudu dewek’e. Iki pepeng liyane maning. Embuh seko ngendi dewek’e iso ngerti aku, iso oleh ym-ku.

Pepeng kie mangsa semono nembe ae pindah ning Semarang, dewek’e sakdurunge nyambut gawe ning Jogja. Pepeng pengen gawe komunitas blogger Semarang, wanci semono durung ono sing gawe. Pas aku krungu ide-neaku langsung mathuk. Langsung gawe blog sementara ning http://semarangan.blogsome.com lan gawe milis-e ning gugelgrup, alamate semarangan@googlegroups.com. Pepeng wanci semono wes kenal sebagian wong sing gelem melu komunitas blogger iki.

Ketemuan pertama bocah-bocah semarangan ning ngarep mesjid baiturrahman, wanci kuwi ono mung wong pitu yen rak salah, lawabiru, alif, eijesan, Aku, pepeng, budiyono, fiand, tunggul (sampeyan melu rak nggul pas kuwi? lali aku) karo…. duh… liyane lali, njuk ngapuro yo kang yen rung kasebut :D . Sisan mangan bareng ning sego kucing ngarepan mesjid.

Sa’wese gawe macem-macem, aku ndilalah pamit seko kerjaanku, ono proyek ning solo,

Ooo iyo, ono sing lali, ono siji cah loenpia sing kerja ning solo, kang Qowi (aka. baginda_cakep huekk…. :p). Aku kie yo dudul tenan, wes nggon solo 3 sasi malah rung ketemu babar blas karo kang Qowi, padahal kang Qowi kie ngajar nggon almamater-e adiku lan mbakyuku ning Pondok Pesantren Assalaam Solo. Suk ae yo kang, yen bali Jowo.

Ketemu sing kaping loro (yen rak salah lho) kuwi ngomongke gawe blog/website sing ora gratisan. Miturut pakar multimedia sing wes kesuwur, “Gratisan itu norak”, mula kuwi konco-konco pengen rekoso sithik. Dilakoni urunan bareng-bareng (maklum, isih do rung ganep olehe mapan urusan duwit).

Suwun banget kanggo konco-konco loenpia[dot]net kabeh sing wes gawe jenenge loenpia nganti tekan ngendi-ngendi. Kang Budiyono sing wes mlaku-mlaku tekan Jakarta melu acarane temu blogger detik-i-net, Pepeng sing wes duwe ide gawe komunitas blogger semarang, fiand, yogie, tunggul, emenev, kang qowi, gora, fanny, lan kabeh konco sing rak iso tak tulis mboko siji. Aku kie ora sopo-sopo, cuman ndilalah liwat ae, konco-konco kabeh kuwi sing luwih semangat gawe macem-macem, inisiatip-e yo kenceng, ide-ide apik mblabar tekan ngendi-ngendi.

Saiki panggonanku rodo adoh kie, luwih seko 500 kilometer seko semarang, tapi sanajan ngono, aku seneng banget duwe konco-konco sing apik tenan koyo njenengan kabeh. Insya Allah yen ono wektu aku isih pengen kumpul-kumpul maneh. Muga-muga iso keturutan yo, Aamiinn..

13 Responses to “Loenpia[dot]net mlebu koran”

  1. achmadi.net andriansah Says:

    ROOOOOOOOOOOOOOOOAAAAAAAAAAAMMMMMMMMMMIIIIIIIIIINNNNNNNNNNGGGGGGGGGGG

    MAKAN-MAKAN apapun artinya :)

  2. achmadi.net Priyadi Says:

    trenslesyen plis

  3. achmadi.net Tidak Sabar Menanti Sabtu™ Says:

    WOI….. PASTI NYASAR INI!!!!
    INI BUKAN SEMARANG OI…….. ROAMING!!!!!!!!!!!!

  4. achmadi.net didats Says:

    JRIT!
    BIARPUN ORANG JAWA,
    GW GAG BISA BACA TULISANMU….

    ITU BOSO JOWO MIX BOSO BATAM YO?
    HIHIHI

  5. achmadi.net geblek Says:

    hahahaha didik kembali ke alamnya =))
    didats:gak ada bahasa batam spt itu tauk

  6. achmadi.net -tikabanget- Says:

    wahh..
    lha kulo nggih remen sanget niku kaliyan lumpiaa..

    *ndak pokus..*

  7. achmadi.net Jauhari Says:

    Mugo mugo keturutan opo sing dadi karepmu.. *halah ra nyambung….

    :D

  8. achmadi.net Yogie Says:

    halo mas didik..
    lama ga ketemu yaa??
    kapan balik ke semarang lagi?
    biar bisa bantuin kita lagi.. :P

    Buat yang lainnya.. pada roaming ya?
    wah, di translate dulu tuh mas..
    hihihihi…

  9. achmadi.net boku_baka Says:

    hahaha… mas didik, aku dadi iling pelajaran boso jowo ndisik kae.. wah wah.. dadi ngono tho sejarahe loenpia.. aku yo rak paham je, piye asal-asale kok nganti sampeyan karo pepeng kuwi iso kenal..
    eh mau ana memeber loepia sing ning batam, jenenge Rena, wis takke’i nomermu mas. Awas, aja dimangsa lho!

  10. achmadi.net rena Says:

    walah,,,rena moco tulisane karo mlotot neng komputer .tapi rena isek ngerti boso ibu kok.dadi rena pahamlah ^-^,yo mugo-mugo apo seng dadi karepe biso keturutan :-)

  11. achmadi.net cah ayu Says:

    huaahaha..
    kang Qowi?
    saiki dadi penjaga lab. komputer ning assalaam

  12. achmadi.net pepeng Says:

    amin..!!!

  13. achmadi.net ncomputing penganti-pc Says:

    amien2 ya rabalalamain,,,,moga2 opo sing mas pingin terkabulke kabeh,,,,

Leave a Reply